Artikel Terkait

Pidato Bahasa Jawa tentang Menyambut Jama'ah Haji

Mendekati kepulangan jama’ah haji tentunya dari pihak keluarga maupun masyarakat sering mengadakan acara penyambutan kepulangan para jama’ah haji.
Bagi sahabat yang sedang mencari pidato bahasa jawa tentang menyambut kedatangan jama’ah haji sangat pas waktunya, karena pada kesempatan ini saya akan memberikan contoh pidato bahasa jawa tentang menyambut kedatangan jama’ah haji. Berikut adalah contoh pidatonya:

******************************************

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

    Poro Bapak, poro Ibu hadirin sekalian ingkang kaulo hormati!
Monggo kulo lan panjengengan sedoyo samiho nglahiraken rasa syukur dateng Alloh SWT. ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, ni’mat sehat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggaa kulo lan panjenengan saget rawuh ing puniko majlis dalam rangka menyambut kerawuhan poro Jama’ah haji ingkang ing saat sa meniko sami makempal wonten ing pendopo Kabupaten meniko.

Kulo piambak sanget merasa terharu, bungah lan tumut bongo dene menopo sederek-sederek kito ingkang sampun ninda’aken ibadah rukun Islam ingkang kaping gangsal inggih puniko ibadah haji wonten ing tahun meniko sampun rawuh wonten ing tanah ayr malih, saget ngelaksanakaken ibadah haji kanti aman selamet mulai bidal ngantos wangsul malih sukses anggenipun ngelaksanakaken syarat lan rukunipun haji kanti sempurna.
Pramilo monggo kito dungakaken mugi-mugi saget dados haji ingkang mabrur, haji ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Alloh SWT. Soho kangge sederek-sederek ingkang dereng saget nglaksanakaken ibadah haji enggalo ketularan dipun paring rizki ingkang katah dening Alloh sehingga wonten tahun ingkang bade dateng dipun panggil dening Alloh saget ngelaksanakaken ibadah haji. Amin Ya Robbal ‘Alamiin.

    Poro rawuh ingkang kaulo hormati!
Wau sampun kulo aturaken dene ibadah haji meniko merupakan salah setunggalipun rukun Islam ingkang kaping gangsal, maksudipun kangge tiyang Islam ingkang sampun mampu ko’ dereng nindakaken haji meniko dereng sempurna Islamipun. Lan keranten sanget agungipun ganjaran utawi pahala saking ibadah haji, Kanjeng Nabi sampun ndawuhaken:

اَلْحَجُّ الْمَبْرُوْرُ لَيْسَ لَهٗ جَزَآءٌ إِلَّا الْجَنَّةَ . (رواه أحمد(
Ingkang artosipun: Haji ingkang mabrur meniko mboten wonten balesanipun kejawi swargo.

    Poro Bapak, poro Ibu Hadaaniyallohu waiyyaakum!
Kanti wontenipun hadits wonten inggil kolowahu agung sanget ganjaranipun tiyang ingkang nindakaken ibadah haji, bade dipun bales swargo dening Alloh SWT. Pramilo saking meniko, menawi kito sampun dipun paringi kejembaran rizki dening Alloh, monggo enggal kito laksanakaken prentahipun Alloh meniko sampun ngantos kito tunda-tunda lan sampun ngantos kita gadah anggapan bilih ibadah haji meniko saged ngurangi kekayaan keranten nelasaken biaya katah lan saget nambahi kemiskinan.

Menawi kito nggadahi anggapan kados mekaten perbuatan meniko dados kufur. Kerantan ingkang dipun printah dening Alloh nglaksanakaken haji meniko tumerap tiyang ingkang sampun mampu. Alloh dawuh wonten al-qur’an:

وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيْلاً وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِيْنَ .
Ingkang artosipun:

Wong-wong sing wis mampu (netepi syarat lan rukune) den wajibaken dening Alloh ngelaksanakaken ibadah haji lan sing sopo wong tumindak kufur (ora peraya marang Alloh lan ngingkari kewajiban haji) mongko saktemene Alloh niku Moho Semugih songko wong sak alam kabeh.

    Poro rawuh ingkang minulyo!
Kejawi saking meniko ibadah haji ingkang mabrur meniko termasuk salah setunggalipun amal ingkang utami sak sampunipun iman lan jihad fi sabilillah, kanjeng Nabi dipun tangleti:

يَارَسُوْلَ اللهِ، أَيُّ الْأَعْمَالِ أَفضَلُ؟ قَالَ: اَلْإِيْمَانُ بِاللهِ وَرَسُوْلِهٖ، قِيْلَ ثُمَّ مَاذَا؟ قَالَ: اَلْجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ، ثُمَّ قِيْلَ ثُمَّ مَاذَا؟ قَالَ: اَلْحَجُّ الْمَبْرُرُ (رواه أبو هريرة)
Ingkang artosipun:

“Ya Rosulalloh, amal punopo ingkang langkung utami?” Kanjeng Nabi dawuh: “Iman marang Alloh lan utusane.” “Lajeng punopo?” Kanjeng Nabi dawuh: “jihad fi sabilillah” “Lajeng punopo?”  Kanjeng Nabi dawuh: “Haji kang mabrur”.

    Poro rawuh ingkang minulyo!
Ingkang terakhir sebagai atur kulo, mugi-mugi jama’ah  haji ingkang sampun rawuh meniko dipun dipun dadosno haji ingkang mabrur, sedoyo amal ibahipun sami dipun trimo dening Alloh dipun bales swargo lan mugi-mugi poro rawuh ingkang dereng haji sageto angsal barokahipun sederek-sederek ingkang sampun haji meniko, sehinggo tahun ingkang bade dateng sedoyo sami saget haji. Amin.

    Kangge atur kulo, kulo cekapi semanten.

Artikel Terkait

Cerita Rakyat Gunung Tangkuban Perahu

  Gunung Tangkuban Perahu: Cerita Rakyat Indonesia yang Menarik Indonesia kaya akan cerita rakyat yang memikat hati dan menyimpan pesan mora...