Artikel Terkait

Deworuci





Wektu semono,Ing dhalem padepokan Sokalima,Resi Drona kaeleng marang Brantasena kang laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena kang duweni kekuatan ingkang kuat lan gagah perkasa. Ing wektu semono sengkuni mangertos yen Brantasena janjian ketemu marang Resi Drona. Ing dhalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Werkudhara utawi Brantasena, yen dewekke kudu madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." ing kawah Candradimuka.

Brantasena tanpa risa - risi terus mangkat nyuwun pangestu dining Resi Drona. Ing dhalem wektu semono uga Sengkuni wonten ing mriku, lan mangertos pembicaraan Resi Drona marang Brantasena. Sak banjuring Brantasena Budhal, Sengkuni medhal lan tangklet marang Resi Drona babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona mangsuli marang sengkuni yen dewekke ngutus Brantasena utawi Werkudara madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." lan Drona uga jrumusake Brantasena.

Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supayaning mata - matai Brantasena. Ing dhalem wektu semono uga Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sak Banjure wonten buto kaleh kang ngalani Brantasena, akhire Buto kaleh lan Brantasena perang, buto mau kalah. Banjur buto maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara kaleh mau atur panuhun marang Brantasena, banjur Brantasena tangklet marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,
"Apa kang dados maksud Bathara Indra lan Bathara Bayu?"
Bathara mangsuli,
"Umpamanipun barang kang ala saged di kalahke marang ati kang tulus iklas lan donga marang gusthi kang maha kuasa."

Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama. Dene fungsinipun Cincin mau yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero lan ombo. Banjur Brantasena tangklet meleh,
"Apa Kayu Gong Susuhing Angin?"
Bathara Indra mangsuli,"yen tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran."
Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,lan arep tangklet meleh marang Resi Drona(gurune).
Ing padepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, opo kabeh sing kedadean marang awake, uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu kasampurnaan. Banjur Drona mangsuli,
" isih ono syarat kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA(tirta kesucian) kang ono ing jero samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit marang gurune.
Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining ibune,Dewi Kunthi. Ananging Dewi Kunthi ngalang-alangi tekatipun Brantasena. Babagan tekat Brantasena kang kuat, Brantasena tetep bacutke pangarepane, ananging akhire Dewi Kunthi, mewehi restu, lan uga Para Pandhawa ngrestoni Branthasena.
Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dak cegad Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, Supayane Branthasena gugurke paniatane. Brantasena tetep maju, perang mboten saged kahindarake, akhire Branthasena kang menangke pratarungan.Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dhalem perjalanan.
Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi samudra kang mboten enten pinggire, ombake kang gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena nyilem ing dasar samudra, kanggene tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di cegad dening naga kang gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging Brantasena saged ngalahke naga mau.
Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged ngalahke hawa lan nefsu kang kumanthil ing diri Brantasena,kalean tetengara Brantasena saged ngalahke naga kang ngadang kalani paniataning Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane pertanyaan.
"Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?"
Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dhalem raganing Dewa Ruci, manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, anyem lan tentrem. Banjur Dewa Ruci ngendhikan,
"teges e, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan ojo kaged karo sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci."
Ing sokalima, Permadhi utawi sengkuni lapur marang Resi Drona, yen Brantasena dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona nemukke Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel lan uga tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.
Brotoseno : watak e satriyo, gagah, jejer mbelo kang bener, kesusu ora mikir jeru yen arep tumindak
Anoman : watake welas asih lan ngayomi sedulur
Sengkuni : watak e culiko, cidro marang liyan,

Artikel Terkait

Cerita Rakyat Gunung Tangkuban Perahu

  Gunung Tangkuban Perahu: Cerita Rakyat Indonesia yang Menarik Indonesia kaya akan cerita rakyat yang memikat hati dan menyimpan pesan mora...